Rabu, 09 Desember 2015

ANEKDOT PEMERINTAHAN

BUMI WIS KEWALIK
          Alkisah ing negeri sing kadaden saka 17.508 pulau pulau ingkang kapisah samudra,ana Pak Presiden sing jektas dipilih karo rakyate, jenenge pak Joe, pak Joe kuwi wong e suabar,sangking sabare, biasane pak Joe gampang diapusi karo kanca kancane, lan Pak Joe kuwi wonge senengane blusukan, nggoleki desa desa sing rusak, mbuh dibenakne mbuh ndak.
            Pak  Joe diangkat dadi Presiden saka Partai Banteng Putih, partai kuwi dipimpin karo ibu Wati.Pak Joe mesti manut ning Ibu Wati, ra peduli apa perintahe elek utawa apik. Sak wulan wis diliwati karo Pak Joe, pas wayah dino sabtu, Pak Joe diundang karo ibu Wati anggo slametan ning omahe ibu Wati.Pas ning omahe kuwi, Pak Joe salaman karo ngembung tangane ibu Wati, ra peduli ibu Wati iku wedok lan uduk mukhrime dheweke ndelok mung teko jabatan lan jasa ne teka ibu Wati.
            Sak wise kuwi ibu Wati kanda yen Pak Joe diundang karo bapak Presiden teka Arab kanggo melu lan ngadiri acara musyawarah rutin ben tahun ing Arab,banjur pak Joe langsung budal numpak Jet pribadine ning Arab.Saka Arab dheweke disambut karo pengawal pengawal e Pak Presiden Arab sing jenenge Pak Albab.Pak Joe banjur mlaku diitingi karo pengawal pengawale, kanggo ketemu ing Pak Albab ing ruang rapat.Sakwise teka ning Istanane, pak Joe disambut karo pak Albab, anehe, pas pak Joe dijak salaman karo Pak Albab, dheweke tambah ra gelem, dheweke mek ndeleh tangan ning dadane kaya wong ate semedi,padahal sejatine kuwi wong lanang salaman karo wong lanang kudu salaman tangan, uduk gak disalami.Beda yen wong wadon karo wong lanang baru tangane ra oleh ndemek, amarga uduk mukhrime.Ancene saiki Bumi iki wis Kewalik. Ana Presiden, sing wong lanang ndak disalami,wong wadon tambah disalami lan dimbung.