Jumat, 04 September 2015

CERKAK KEKOBONG ASMARA

Kekobong Asmara


            Wengi iku, isih diiling iling karo Sarasati, nalika dheweke ndeleng kaapikane bulan ing wayah purnama.Dheweke Ndeleng jeru ing jero ati, kacoba ngiling ngiling peristiwa kang nggawe atine kedut kedut antarane  ndredeg karo pegel.

            Peristiwa iku dimulai pas Sarasati isih lungguh ing kelas 3 SMA, dheweke disenengi karo akeh bocah lanang ing sekolahe, mulai sing ning kelase sampek ing njaba kelase.Pas dina Senin,Dheweke njajan ning kantin sekolahane,isih kait lungguh,Sati diparani karo cah lanang loro ngganteng ngganteng, sing siji putih, sing siji ireng manis.
           
                 “..aku lungguh kene yo Sat..” omonge Ardhi , “..aku pisan yo Sat..” bales Iyan.Sati sing kaget mung isu manthuk manthuk tok.”..Dungaren kok isuk isuk mbarengi aku mangan”.omonge Sati.”Yo rapopo to..” bales cah loro bareng.Sati mung isa nggeleng nggeleng lan nerusno mangane.
            Bel masuk sekolah muni,Sati mbalik ning kelase kanggo melok pelajaran selanjute.Ning kelase Sati Ra sengaja ilate kecakot.”Paling ana sing ngrasani aku iki”.. batine Sati.Tibake tenan, Siti krungu lek asline Cah Loro mau sing mbarengi Siti mangan kuwi pada seneng karo Siti.Cah loro kuwi pada rebutan kanggo ngrebut atine Siti.
            Dina Selasa sesuke ing ngarep sekolah Ardhi karo Iyan podo kerah.Bener sing diomongno karo kanca kancane Sati wong loro kui pada gelut kanggo ngrebutno atine Sati.Sati sing tas budhal teka Sekolah langsung kaget lan misah cah loro kuwi.Sati takon ning cah loro kuwi, ana opo asline kok cah loro kuwi sampek gelut.Ardhi cerito asline dheweke iku seneng karo Sati, ananging Iyan yo pada seneng, dadi dheweke lan Iyan kepingin mbuktikne, sopo sing asline luwih pantes kanggo Siti.
           
              Akhire Siti ngomong ning BK.Arek loro diceluk lan dikongkon apikan lan njaluk sepura.Sak wise iku, arek loro iku ngomong karo Siti.Dheweke takon asline sapa sing layak lan luwih cocok karo Siti.Nanging Siti nolak, dheweke isih gurung isa Nerima arek loro iku kabeh dadi pacare, amarga ning agamane iku pacaran iku dusa.Lan yen saumpamane jodoh, mesti mben iku ketemu maneh.Dadine ndak usah mikiri pacaran ndhisik,Jawabane Siti
           
Cah Loro sing maune wis kekobong Asmara iku mau akhire wis tenang, Dheweke akhire nyadari lak asline dheweke iku salah.Akhire cah loro iku podo apikan lan njaluk sepuro ning Siti.amarga wis nggawe Siti susah.Siti nyepurani cah loro iku mau, akhire atine Siti iso dadi tenang amarga cah loro mau kuwi wis apikan.Lan Siti nganggep kabeh cah kuwi mau dadi kancane.Ora ana sing dibedak bedakno.
Nalika sing jenenge trisna iku sejatine mesti kepethuk, Trisna iku ana kaitane karo Jodoh, yen ancene Jodoh yo mesti kepethuk, dadi ra usah kawatir,rausah kekobongan asmara, lan rausah rebutan sandingan, Gusti Pangeran iku wis nyediakno Jodoh kanggo kita sedaya.



                                                Sultan Fat Ihza Abdillah
                                                XII MIA 2/29