BUMI WIS KEWALIK
Alkisah
ing negeri sing kadaden saka 17.508 pulau pulau ingkang kapisah samudra,ana Pak
Presiden sing jektas dipilih karo rakyate, jenenge pak Joe, pak Joe kuwi wong e
suabar,sangking sabare, biasane pak Joe gampang diapusi karo kanca kancane, lan
Pak Joe kuwi wonge senengane blusukan, nggoleki desa desa sing rusak, mbuh
dibenakne mbuh ndak.
Pak Joe diangkat dadi Presiden saka Partai
Banteng Putih, partai kuwi dipimpin karo ibu Wati.Pak Joe mesti manut ning Ibu
Wati, ra peduli apa perintahe elek utawa apik. Sak wulan wis diliwati karo Pak
Joe, pas wayah dino sabtu, Pak Joe diundang karo ibu Wati anggo slametan ning
omahe ibu Wati.Pas ning omahe kuwi, Pak Joe salaman karo ngembung tangane ibu
Wati, ra peduli ibu Wati iku wedok lan uduk mukhrime dheweke ndelok mung teko
jabatan lan jasa ne teka ibu Wati.
Sak
wise kuwi ibu Wati kanda yen Pak Joe diundang karo bapak Presiden teka Arab
kanggo melu lan ngadiri acara musyawarah rutin ben tahun ing Arab,banjur pak
Joe langsung budal numpak Jet pribadine ning Arab.Saka Arab dheweke disambut
karo pengawal pengawal e Pak Presiden Arab sing jenenge Pak Albab.Pak Joe
banjur mlaku diitingi karo pengawal pengawale, kanggo ketemu ing Pak Albab ing
ruang rapat.Sakwise teka ning Istanane, pak Joe disambut karo pak Albab, anehe,
pas pak Joe dijak salaman karo Pak Albab, dheweke tambah ra gelem, dheweke mek
ndeleh tangan ning dadane kaya wong ate semedi,padahal sejatine kuwi wong
lanang salaman karo wong lanang kudu salaman tangan, uduk gak disalami.Beda yen
wong wadon karo wong lanang baru tangane ra oleh ndemek, amarga uduk
mukhrime.Ancene saiki Bumi iki wis Kewalik. Ana Presiden, sing wong lanang ndak
disalami,wong wadon tambah disalami lan dimbung.